Kautamaning Bebrayan [26-30]

Kautamaning Bebrayan [26] :

Aja sok nyenyamah luputing liyan, luwih becik tuduhna kaluputane kang malah bisa ngrumaketake rasa paseduluran. Ewasemono aja nganti kowe kesusu mbecikake kelakuwane liyan, yen awakmu dhewe rumangsa durung bisa ngenggoni rasa sabar lan tepa selira. Sapa kang wis ngerti lan ngrumangsani marang sakehing dosane, iku sawijining wong kang wis ngerti marang jejering kamanungsane, manungsa kang utama.

Keutamaan Hidup bermasyarakat [26] :

Jangan sering ngomongin kesalahan orang lain, lebih baik tunjukkan saja kesalahan itu, justru bisa merekatkan rasa persaudaraan. Demikian juga jangan sampai terburu-buru membenarkan kelakuan orang lain, andai diri kita merasa belum bisa menerapkan rasa sabar dan tenggangrasa. Siapa saja yang sudah mengerti dan memahami akan dosanya, itu salah satu orang yang sudah memahami sosok kemanusiaannya, manusia yang utama.

Kautamaning Bebrayan [27] :

Ajining manungsa iku kapurba ing pakartine dhewe, ora kagawa saka katurunan, kapinteran, lan kasugihane. NangĂ­ng gumantung saka enggone nanjakake kapinteran lan kasugihane, sarta matrapake wewatekane kanggo keperluan bebrayan. Kabeh mau yen mung katanjakake kanggo kaperluwane dhewe, tanpa paedah. Nanging yen pakarti mau kadayan dening rasa pepinginan golek suwur, golek pangkat lan donya brana, malah bisa dadi memalaning bebrayan, jalaran nyinamudana sarana nylamur migunakake jenenge wong akeh.

Keutamaan Hidup bermasyarakat [27] :

Kehormatan manusia itu tergantung dari perbuatan diri sendiri, bukan dari keturunan, kepandaian dan kekayaan. Tetapi tergantung dari bagaimana memanfaatkan kepandaian dan kekayaannya, serta serta menempatkan sifat/watak utnuk kepentingan hidup bermasyarakat. Semua jika hanya dipakai untuk kepentingan diri sendiri, tiada bermanfaat. Tetapi jika tindakan itu hanya karena rasa ingin mencari nama/ketenaran, mencari pangkat dan harta benda, malah bias menjadi gangguan masyarakat, disebabkan ditutupi dan disamarkan dengan alasan demi kepentingan rakyat banyak.

Kautamaning Bebrayan [28] :

Ora ana budi kang luwih luhur sakliyane nduweni rasa asih marang nusa lan bangsane. Kadunungan rasa rumangsa nduweni seanggeman lan kuwajiban mranata tentreming praja kanthi pawitan kapinteran kang dilandhesi kawicaksananing pambudi. Tandha yektine yen asih, yaiku tansah samapta tumandang sawayah-wayah yen ana parigawe kang wigati kanggo warga sapadha-padha, munggahe tansah samapta leladi kanggo keslametaning bebrayan lan karaharjaning nagara.

Keutamaan Hidup bermasyarakat [28] :

Tiada Budi yang lebih luhur selain memiliki rasa kasih kepada nusa bangsa. Tertanam rasa dan merasa memiliki yang sesungguhnya dan kewajiban mengatur serta menjaga ketentraman negara dengan modal kepandaian yang dilandasi budi yang bijaksana. Sebagai tanda bukti mengasihi, yaitu selalu siap sedia bergerak sewaktu-waktu jika ada tugas yang penting untuk sesama warga, terlebih lagi siap sedia melayani demi keselamatan kehidupan masyarakat dan kesejahteraan negara.

Kautamaning Bebrayan [29] :

Wong kang kerep lan tansah dipituturi wong liya iku adate bisa dadi wong dhemen ngati-ati, nanging menawa kapengkok ing perlu sok ora bisa tumindak lan ngrampungi dhewe. Kapeksa isih kudu noleh wong liya sing diwawas bisa aweh pituduh. Mula kuwi prayoga ngawula-a marang ati lan kekuwatanmu dhewe, jalaran wong liya iku sejatine yen ana apa-apane mung saderma nyawang, ora melu ngrasakake.

Keutamaan Hidup bermasyarakat [29] : 
 
Barangsiapa yang sering dan selalu minta petunjuk dan arahan orang lain biasanya bisa menjadi orang yang sangat berhati-hati, tetapi apabila menemui tugas penting sering juga tidak bisa bertindak dan menyelesaikan sendiri. Karena selalu menunggu dan mencari seseorang yang dianggap bisa memberi petunjuk dan arahan. Oleh karena itu yakinlah kepada hati dan kemampuan diri sendiri, sebab orang lain itu sejatinya kalau ada resiko apapun hanya akan menyaksikan, dan tidak ikut menanggungnya. 

Kautamaning Bebrayan [30] :

Wong kang rumangsa dhirine linuwih, ing sawijining wektu mesthi bakal kasurung atine arep mamerake kaluwihane, lire amrih bento dimangerteni dening wong akeh yen dheweke mono wong kang pinunjul lan supaya diajeni. Sumurupa, sakabehing kaluwihan mau yen ora dicak-ake mawa lelabuhan kang murakabi marang bebrayan, tanpa guna kepara malah ora kajen lan gawe pituna. Mula kang prayoga bisa tulus dadi wong kang linuwih menawa gebyaring kaluwihan iku mung dikatonake marang batine dhewe, iku wis cukup.


Keutamaan Hidup bermasyarakat [30] :


Orang yang merasa dirinya memiliki kelebihan, pada suatu saat hatinya pasti akan terdorong untuk memamerkan kelebihannya, supaya diketahui oleh orang banyak, bahwa dirinya adalah orang yang menonjol dan berharap dihormati. Ketahuilah, semua kelebihan tadi bila tidak diterapkan demi kebaikan kehidupan masyarakat, maka tiada berguna justru bisa merendahkan diri pribadi dan menciptakan kerugian. Makanya lebih baik tukus dan rendah hati menjadi orang yang memiliki kelebihan, dan gebyarnya kelebihan itu cukup diketahui diri sendiri, dan itu sudah cukup.


<<< Sebelumnya                 <<< Awal >>>                   Selanjutnya >>> 
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar