Tampilkan postingan dengan label Inspirasi Jawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Inspirasi Jawa. Tampilkan semua postingan

Mangkene sabda sawijine Pujangga kaloka :

(Demikian Sabda salah satu Pujangga tersohor)

Kali ini kami postingkan beberapa nasehat dari budaya dan sastra Jawa yang telah disabdakan oleh para pujangga yang tersohor di tanah Jawa. Kami coba posting beberapa nasihat para leluhur jawa dalam hal kehidupan bermasyarakat, Semoga postingan ini bisa menjadi inspirasi dan membawa kesuksesan kita dalam hidup bermasyarakat. Sengaja saya tetap tuliskan bahasa Jawanya, karena ruh bahasa Jawa kadang bukan pada apa yang tertulis atau apa yang terucap tetapi ruh yang sebenarnya berada di dalam apa yang tersirat. Oleh karena itu mungkin terjemahan dalam bahasa Indonesia yang saya sertakan kurang tepat bahkan mungkin tidak mampu memunculkan makna yang sebenarnya. Mohon pencerahannya. Tapi apapun kondisinya semoga bermanfaat.

Kautamaning Bebrayan [6-10] :

Kautamaning Bebrayan [6]
 

Sugih omong kanggo anggayengake pasamunan pancen bejik. Nanging ngomong mung golek suwure awake dhewe sok ketrucut miyak wewadine dhewe. Pira bae cacahe pawongan kang kepleset uripe mung marga suka anggone sugih omong. Mula sabecik-becike wong iku ora kaya wong kang meneng. Nanging menenge wong kang darbe bobot kang anteb, sing bisa dadi panjujugane para pawongan kang mbutuhake rembug lan pituduh.

Kautamaning Bebrayan [11-15]

Kautamaning Bebrayan [11] :

Luwih becik ngasorake raga tinimbangane ngongasake kapinteran kang sejatine isih nguciwani banget. Ngongasake kapinteran iku satemene mung kanggo nutupi kabodohane, jer kabeh mau merga rasa samar lan was sumelang yen ta kungkulan dening sapepadhane. Tindak mangkono mau malah dadi sawijining godha kang mung bakal ngreridhu lakunĂ­ng kemajuwane dhewe ing jagading bebrayan.

Kautamaning Bebrayan [ 16-20 ]

Kautamaning Bebrayan [16] :

Manungsa urip iku kudu bisa nguwasani kamardikaning lair lan batin. Kang dikarepake kamardikaning lair iku wujude bisa nyukupi kabutuhaning urip ing saben dinane saka wetuning kringet lan wohing kangelan utawa obahe awake dhewe ora gumantung ing wong liya lan ora dadi sangganing liyan. Dene kamardikaning batin iku dicak-ake sarana nyingkiri hawa napsu kang ala, adoh saka asor lan nisthaning pambudi, sepi ing rasa melik lan drengki srei, sarta tuhu marang paugeran urip bebrayan.

Kautamaning Bebrayan [ 21-25 ] :

Kautamaning Bebrayan [21]

Wong urip ing alam bebrayan iku yekti angel, kudu bisa ngereh pakone “si aku”, aja nggugu karepe dhewe lan nuruti hawa nepsu. Luwih-luwih ing dina samengko, alam bebrayan donya tansah kebak pradhondhi, silih ungkih, rebutan benere dhewe-dhewe. Mula sing baku, wong urip kudu bisa miyak aling-aling kang nutupi pikiran kang wening. Lire, senajana sajroning pasulayan, kudu bisa nyandhet kemrungsunge “si aku” istingarah sakehing bedane panemu bisa disawijekake.

Kautamaning Bebrayan [26-30]

Kautamaning Bebrayan [26] :

Aja sok nyenyamah luputing liyan, luwih becik tuduhna kaluputane kang malah bisa ngrumaketake rasa paseduluran. Ewasemono aja nganti kowe kesusu mbecikake kelakuwane liyan, yen awakmu dhewe rumangsa durung bisa ngenggoni rasa sabar lan tepa selira. Sapa kang wis ngerti lan ngrumangsani marang sakehing dosane, iku sawijining wong kang wis ngerti marang jejering kamanungsane, manungsa kang utama.

Kautamaning Bebrayan [31-34]

Kautamaning Bebrayan [31] :

Dedana utawa sedhekah marang wong kang lagi nyandhang papa cintraka iku sawijining panggawe becik kang patut tinuladha, sauger paweweh mau ora kinanthenan panggrundel kang nelakake ora ikhlasing ati. Tetembungan kang lembah manah lan merak ati iku luwih gedhe ajine katimbang dedana banda breya kang ora ikhlas. Suprandene nulung lan menehi pepadhang marang jiwane wong kang kacingkrangan iku kang sejatine luwih perlu lan wigati, katimbang mung tetulung marang awake kang awujud lair bae.