Kautamaning Bebrayan [ 16-20 ]

Kautamaning Bebrayan [16] :

Manungsa urip iku kudu bisa nguwasani kamardikaning lair lan batin. Kang dikarepake kamardikaning lair iku wujude bisa nyukupi kabutuhaning urip ing saben dinane saka wetuning kringet lan wohing kangelan utawa obahe awake dhewe ora gumantung ing wong liya lan ora dadi sangganing liyan. Dene kamardikaning batin iku dicak-ake sarana nyingkiri hawa napsu kang ala, adoh saka asor lan nisthaning pambudi, sepi ing rasa melik lan drengki srei, sarta tuhu marang paugeran urip bebrayan.

Keutamaan Hidup bermasyarakat [16] :

Manusia hidup itu harus mampu memiliki kemerdekaan lahir dan batin. Yang dimaksud dengan kemerdekaan kahir yaitu bisa mencukupi kebutuhan hidup setiap harinya yang berasal dari keringat dan hasil kerja atau usahanya sendiri tidak tergantung kepada orang lain dan tidak menjadi tanggungan orang lain. Dan kemerdekaan batin itu dilaksanakan dengan cara menyingkir dara hawa nafsu jahat, jauh dari perbuatan yang rendah dan buruknya budi, sepi dari rasa ingin merebut hak orang lain, iri dan dengki, serta menjaga norma-norma kehidupan bermasyarakat.

Kautamaning Bebrayan [17] :

Yen kepengin diajeni liyan, mula aja sok dhemen martak-martakake, apa maneh nganti mamerake kabisan lan kaluwihanmu. Pangaji-ajining liyan iku sejatine ora perlu mbok oyak lan mbok buru, ananging bakal teka dhewe. Nuduhake kewasisan pancen kudu bisa milih papan lan empan. Mula kang prayoga kepara purihen aja kangsi wong liya bisa njajagi. Nanging mangsa kalane ngadhepi gawe parigawe kaconggah mrantasi.


Keutamaan Hidup bermasyarakat [17] :


Jika ingin dihormati orang lain, janganlah senang membanggakan, apalagi menyombongkan kemampuan dan kelebihanmu. Penghormatan orang lain itu sejatinya tidak perlu dikejar dan diburu, tetapi akan datang dengan sendirinya. Menunjukkan kepandaian dan kebisaan harus bisa memilih waktu, tempat dan situasi. Maka lebih baik kita menahan diri jangan sampai orang lain bisa mengetahui. Tetapi pada saat menghadapi tugas dan pekerjaan kita selalu mampu menyelesaikan dengan baik.


Kautamaning Bebrayan [18] :

Aja sok ngluputake, gedhene ngundhat-undhat wong liya, samangsa ora katekan apa kang dadi kekarepan kita. Becik kita teliti lan kita goleki sabab-sabab ing badan kita dhewe, amrih kita bisa uwal saka dayaning pangira-ira lan panyokrabawa kang ora prayoga. Kawruhana, yen usadane watak apes sing njalari nganti ora katekan sedya kita iku, ora ana liya, ya dumunung ana ing awak kita dhewe.


Keutamaan Hidup bermasyarakat [18] :


Jangan sering menyalahkan, terlebih mencari-cari kesalahan orang lain, saat tidak kesampaian apa yang menjadi kehendak kita. Lebih baik kita teliti dan kita cari sebab musabab pada diri kita sendiri, agar kita bisa terlepas dari pengaruh kecurigaan dan prasangka yang tidak baik. Pahamilah, kalau penyebab kegagalan yang menjadikan tidak tercapainya kehendak kita itu, tiada lain, ya ada di dalam diri kita sendiri.


Kautamaning Bebrayan [19] :

Arang wong sing bisa mapanake rasa narima marang apa bae kang wis kelakon digayuh. Akeh wong kang rumangsa kurang, banjur golek wuwuh, yen wis oleh banjur golek luwih, yen wis luwih tumuli mbudidaya aja ana wong sing bisa madhani. Wong kang duwe rasa mangkono mau satemene memelas. Uripe tansah ngangsa-angsa, ora nate sumeleh atine. Kanggo nuruti rasa kang kleru kasebut sok-sok banjur tumindak ora samesthine lan nalisir saka pakarti kang bener. 


Keutamaan Hidup bermasyarakat [19] :

Jarang orang yang mampu menerapkan rasa syukur terhadap apa saja yang sudah tercapai keinginannya. Lebih banyak yang masih merasa kurang, lalu mencari tambah, kalau sudah mendapatkan lalu mencari yang lebih, kalau sudah lebih masih terus berusaha jangan sampai ada orang lain yang menyamainya. Orang yang memiliki rasa seperti itu sebenarnya patut dikasihani. Hidupnya selalu merasa kurang, tidak pernah pasrah hatinya. Untuk menuruti rasa yang keliru tersebut kadang terus bertindak yang tidak semestinya dan melenceng dari tindakan yang benar. 


Kautamaning Bebrayan [20] :

Watak narima mono yekti dadi sihing Pangeran, nanging yenta nganti kleru ing panyurasa bisa nuwuhake kleruning tumindak. Narima, lire ora ngangsa-angsa nanging ora kurang weweka lan tansah mbudidaya amrih katekaning sedya, dudu ateges kebacut lumuh ing gawe, suthik ihtiyar. Awit yen mangkono ora jeneng narima, naging keset. Jer wataking wong keset iku mung gelem enake emoh rekasane, gelem ngemplok suthik tombok, satemah dadi wong ora weruh ing wirang, siningkirake saka jagading bebrayan.


Keutamaan Hidup bermasyarakat [20] :


Sifat pasrah sungguh menjadi kekasih Allah, tetapi jika pasrah disalah artikan bisa menimbulkan tindakan yang keliru. Pasrah, artinya tidak terlalu memaksakan diri tetapi tidak mengurangi niat tindakan dan selalu berusaha bagaimana agar tercapai cita-citanya, bukan berarti tidak bekerja/bertindak dan menghindari ikhtiar/usaha. Sebab jika seperti itu bukan pasrah namanya tetapi pemalas. Dan sesungguhnya sifat seorang pemalas itu hanya mau enaknya tidak mau susahnya, maunya mendapatkan tanpa usaha, yang kemudian menjadikannya manusia yang tak tahu malu, tersingkir dari kehidupan bermasyarakat yang luhur.


<<< Sebelumnya           <<< Awal >>>           Selanjutnya >>>

Tidak ada komentar:

Posting Komentar