Kautamaning Bebrayan [6-10] :

Kautamaning Bebrayan [6]
 

Sugih omong kanggo anggayengake pasamunan pancen bejik. Nanging ngomong mung golek suwure awake dhewe sok ketrucut miyak wewadine dhewe. Pira bae cacahe pawongan kang kepleset uripe mung marga suka anggone sugih omong. Mula sabecik-becike wong iku ora kaya wong kang meneng. Nanging menenge wong kang darbe bobot kang anteb, sing bisa dadi panjujugane para pawongan kang mbutuhake rembug lan pituduh.

Keutamaan Hidup bermasyarakat [6] :

Banyak bicara untuk memeriahkan pertemuan memang baik. Tetapi bicara hanya untuk membanggakan diri sendiri kadang justru sering terpeleset membuka rahasia diri pribadi. Berapa banyak orang yang terpeleset jatuh hanya karena sering banyak bicara. Namun sebaik-baiknya orang bukan sekedar seorang pendiam. Tetapi diamnya seseorang yang memiliki bobot yang tinggi, yang bisa menjadi tujuan utama orang lain yang membutuhkan petunjuk dan nasehat.

Kautamaning Bebrayan [7]

Ing jagading sesrawungan mono nyirik marang sesipatan kang gumedhe lan wewatakan kang tansah ngegungake dhiri. Sipat lan wewatakan mau adhakane banjur nuwuhake rasa ora lila yen nyipati ana liyan kang luwih tinimbang awake dhewe. Mula saiba becike, samangsa sapa kang rumangsa pinter dhewe, sugih dhewe, lan kuwasa dhewe iku gelema nglaras lan mawas dhiri, ngleremake ciptane kang wening, yen sejatine isih ana maneh Kang Maha Pinter, Maha Sugih, lan Maha Luhur. Klawan mangkono rasa pangrasa dumeh lan takabur kang dadi sandhungane pasrawungan bisa sumingkir.

Keutamaan Hidup bermasyarakat [7] :
 
Di dunia pergaulan sangat tidak disukai kesombongan dan sifat yang selalu membaggakan diri. Sifat dan watak seperti itu hanya menumbuhkan rasa tidak rela kalau melihat orang lain yang melebihi dirinya. Oleh karena itu betapa lebih utama, barang siapa yang merasa paling pandai, paling kaya, dan paling berkuasa, mau dan bisa menyesuaikan diri serta instropeksi, mengheningkan ‘cipta’nya yang bening, kalau sebenarnya masih ada Yang Maha Pandai, Yang Maha Kaya dan Yang Maha Luhur. Dengan begitu, rasa dan perasaan paling dan takabur yang menjadi batu sandungan pergaulan bisa terhindarkan.

Kautamaning Bebrayan [8]

Luwih becik makarti tanpa sabawa kang anjog marang karahayoning bebrayan, katimbang tumindake pawongan kang rekane nindakake panggawe luhur nanging disambi udur. Yektine tata tentrem iku ora bakal bisa kagayuh yen ta ora adhedhasar karukunan, dene karukunan iku mung bisa kacandhak yen siji lan sijine padha bisa aji-ingajenan lan mong-tinemong.

Keutamaan Hidup bermasyarakat [8] :

Lebih baik mengerjakan sesuatu yang tidak mengganggu ketentraman dalam bermasyarakat, dari pada perilaku seseorang yang ingin berbuat luhur namun disambi bertengkar. Sebenarnya ketentraman itu tidak bisa dicapai kalau tidak berdasarkan kerukunan, dan kerukunan itu hanya bisa digapai kalau satu dengan yang lain  bisa saling menghargai dan saling memahami.

Kautamaning Bebrayan [9]

Yen atimu wis gilíg arep gawe kabecikan kanggo karaharjaning bebrayan, beraten rasa uwas marang pandakwa ala kang ora nyata. Sranan-ana kanthi jembaring dhadha lan sabaring nala, amríh bisa nuwuhake gedhening prabawa lan cabaring sakehing piala.

Keutamaan Hidup bermasyarakat [9] :

Jika hatimu sudah mantap bertekad berbuat kebajikan untuk kesejahteraan kehidupan masyarakat, tinggalkan rasa curiga dan prasangka buruk yang tidak nyata. Dengan membuka dada selebar mungkin dan kesabaran hati, supa bisa menumbuhkan kharisma yang agung dan hilangnya segala rintangan buruk.

Kautamaning Bebrayan [10]

Wicara kang kawetune kanthi tinata runtut kang awujud sesuluh kang amot piwulang becík, ajine pancen ngungkuli mas picis rajabrana, bisa nggugah budi lan nguripake pikir. Nanging kawuningana yen grengsenging pikir lan uriping jiwa iku ora bisa yen mung kagugah sarana wicara bae. Kang wigati yaiku wicara kang mawa tandang minangka tuladha. Jer tuladha mono sing bisa nuwuhake kapitayan. Luwih-luwih mungguhing para manggalaning praja kang wis pineracaya ngembani nusa lan bangsa.

Keutamaan Hidup bermasyarakat [10] :

Kalimat yang terucap, jika tertata dengan baik yang berwujud petuah yang mengandung ajaran kebajikan, lebih berharga dari pada harta benda, bisa menggugah nalar budi dan membuka cakrawala berfikir. Tetapi ketahuilah geliat pikiran dan bersinarnya jiwa tidak bisa hanya dibangkitkan dengan bicara saja. Yang lebih utama ialah bicara yang dibarengi dengan contoh tindakan nyata. Oleh karena contoh nyata itulah yang mampu mempengaruhi. Terlebih lagi bagi para aparatur pemerintah yang sudah diberi kepercayaan untuk mengatur Nusa dan Bangsa.
 
<<<Sebelumnya                 <<<Awal>>>                      Selanjutnya>>>

Tidak ada komentar:

Posting Komentar